NGRENGKUH LINTANG ING LANGIT

Ngrengkuh lintang ing langit
Dening: Miranti Dewi Saskia
Wektu iku pelajaran bahasa jawa,gurune yaiku Ibu Emi Sudarwati ngumumake marang para siswa ,yen arep ana lomba ing adicara Festival Basa lan Budaya Jawa sa-kabupaten Bojonegoro.Jinising lomba ana akeh antarane:Pidato, Maca Geguritan,Nyerat cerkak, Nulis Jawa,Doneng, Donga, Tembung Dolanan kelompok,Campur Sari lan Nembang Macapat.Saka sepuluh lomba iku,siji sing tak pilih,yaiku Maca Geguritan.Sakwise sreg milih lomba iku,banjur matur marng Ibu Emi. 

Sakwise matur Bu Emi,kanca-kanca ku sakelas padha melu ndaftarne awake dhewe-dhewe.Sing melu yaiku Adinda Ajeng langsung Ajeng Puji.Adinda Ajeng ndaftar lomba pidato yen Ajeng Puji lomba maca aksara Jawa.Sawise iku,aku di utus latihan maca geguritan iing ngarep kelas.Sebenernya aku rada isin,tapi takempet wae.Sawise aku tampil, Bu Emi maringi kritik lan saran.Miturute panjenengan,aku kurang bisa mbedakno dha lan da.Dadine aku bisa sinau marang kesalahan lan kritikan mau. 

Rong jam wis kapungkur,pelajaran bahasa Jawa wis rampung,sakwise kuwi aku lan kanca-kancaku metu Saka kelas tamuju menyang kantin.Sakwise tuku jajan, bele muni.Aku runangsa gela, amarga mangan jajan sitik.Sakwise iku, aku banjur melbu ning kelas lan nerusne nampa seserepan. 

Bel mulih sekolah muni, Saka watara telung seserepan sing wis dakliwati mau.Aku banjur ngringkesi buku lan bareng kanca-kancaku.Sakwise iku, aku mulih tumuju omah.Satekane ing omah, aku langsung ganti klambi lan shalat dhuhur.Banjur dakterusake donga lan nyenyuwun marang gusti Allah.Aku kepingen donga-donga ku niki di jabah dening gusti Allah. Aku langsung sinau lan nggrap PR saka guru.Amarga mripat iki wis ora bisa dilekne , aku banjur mapan turu karo awakku sing pegel kabeh.

Soal
1. Apa irah-irahane cerkak mau?
2. Sapa wae paraga ing cerkak mau?
3. Sebutha amanat/pesan moral ing cerkak mau?
4. Tulisen maneh nganggo basamu dhewe cerkak sing wis kokwaca

 Jawab!
1.NGERENGKUH LINTANG ING LANGIT
2.-bu Emi Sudarwati
    -Adinda Ajeng
    -Ajeng Puji
3. Ojo gampang nyerah lan tetep semangat
4. NGERENGKUH LINTANG ING LANGIT
Cerkak menika ngamot siswi sing nduwe tekad gede lan ora gampang nyerah. 

Postingan populer dari blog ini

RINGKESAN CERKAK PANATACARA

sangune bocah kelas 9